Friday 19 June 2015

Madyaning Ratri

Manjing madyaning dalu
nalika pucuking ron semboja
siniram ebun angekes atising raga,
wewayangan nira kang cinipta adhedhasar pangangen
manjalma tan kena kinira.

Esem kang tansah sinungging
lan sorot netra kang amagut telenging nala,
pindha kartika kang tansah anganthi ratri
datan ilang lamun sinaput mendhung,
tansah sinawang ing sadayaning upaya.

Duh, sira kang tansah angreridhu ati
nadyan dhuhkita nala awit tan kena nyandhing,
angantu bagaskara tumurun 
tansah dalem amemuja mring Hyang Widhi,
mugya saged lampah kita pinanggih
ing ari benjang.

#NulisRandom2015
#Day19

Kanthi pitulungan mas Bima Rahardja.
Rampung kaping 5 langkung dangu katimbang anggegurit ing Basa Indonesia utawi Basa Inggris.
Inggih, kadosipun sampun jelas bilih kula kedah sinau Basa Jawi malih.

No comments:

Post a Comment